Deskripsi
Pengarang : Aloysius Sugeng Wiyono
Tahun Terbit : Mei 2016
ISBN : 978-602-0833-90-3
152 hlm — 12 x 17 cm — 125 gr
Donga kagem maneka warni kabetahan asring angel padosanipun. Saya malih ingkang ngagem basa Jawi ingkang sampun radi mboten umum kageming para mudha sakpunika. Pramila ing buku punika ginelar panduan kagem sakwernaning donga mliginipun kagem sedherek-sedherek ingkang ngrasuk agami Katolik. Wiwit lair ngantos dumugining pralaya, kageming tiyang Jawi wonten sarana lan donganipun pramila inggih awit saking punika buku punika udhu klungsu kagem gancaring ingkang kagungan damel. Temtu kemawon donga punika saget dipun agem kanthi mardika mboten kedah plek kaliyan bakenipun. Pramila sumangga kersa anggenipun ngagem.